Atur Pratela

Komik: Warga Wana (Gawe Rabuk Kompos)

Saking terbitan nomer kapisan, WASIS pikantuk saran saking para kadang tani nedahaken bilih wonten sawetawis tulisan ingkang basanipun taksih angel dipun mangertosi kanthi sae. Pramila sapunika WASIS terbit kanthi basa Jawa ngoko supados langkung gampil dipun mangertosi. Nyuwun sewu saderengipun, mboten ateges badhe wicara ingkang kirang trep dhumateng piyantun ingkang langkung sepuh, namung kemawon kathah kanca-kanca pesanggem ingkang ngendika bilih basa ngoko langkung akrab lan gampil dipun mangertosi.

Ing WASIS edisi kaping kalih punika, dipun babaraken perkawis nyadran ing Randublatung lan ugi tulisan perkawis nyadran ing desa Sirnaresmi, Jawa Barat. Nyadran ing Sirnaresmi rikala semanten dipun dumugeni dening Mas Agus, Mas Aji, Mas Wandi (Mendenrejo), lan Pak Lurah Temulus.

Kejawi nyadran, ugi wonten tulisan perkawis kar utawa peta, semanten ugi conto-conto peta desa ingkang sae. Peta saestu penting kagem nindakaken padamelan ing wana sesarengan masyarakat, punapa malih Perum Perhutani sapunika nembe regeng anggenipun nyuksesaken program Pengelolaan Hutan Bersama Masyarakat (PHBM). Tulisan sanesipun inggih punika perkawis warung kayu, satunggaling panggenan ingkang kaajab dados sarana kangge masyarakat anggenipun tumbas kayu kanthi gampil lan cacahipun sekedhik.

Mboten kesupen komik lan macapat taksih awet kawontenaken. Komik ing edisi punika cariyos perkawis kelompok masyarakat ingkang kiyat lan saestu saged ambiyantu perekonomian sadaya warga.

Nuwun,

WASIS


Kabeh sing melu Semiloka babagan alas ing Randublatung foto bareng ing ruang Wanagraha. Foto dijupuk tanggal 29 Juni 2000 (Foto: Mas Irfan)


Kawruh Peta:

Lahan Andile Ana ing Sisih Ngendi?

Ing sakjroning ngupokoro lan ambangun wana bebarengan antarane Perum Perhutani lan masyarakat utawa PHBM, salah sijine kawruh sing wigati yaiku bab gambar peta utawa kar. Kawruh iki wigati amarga Perum Perhutani ing sakjroning ngerencanaake alas ngganggo dasar gambar saka peta utawa kar.

Paling ora peta utawa kar iku migunani kanggo rong perkara yaiku:

  1. Para pesanggem bisa ngenali kahanan alas saka peta utawa kar. Sakbanjure bisa ngerteni ana sisih ngendi lahan andile, menawa ing peta ana ing petak utawa anak petak sing endi. Biasane para pesanggem bisa ngenali panggonan lahan andile kanti pathokan panggonan-panggonan kang uwis dikulinani kayata : pertapan, sendang, bruk, jeneng-jeneng blok lan sapanunggalane.
  2. Sakliyane iku pamong desa uga bisa ngenali petak-petak alas endi bae sing mlebu ing wilayah desane. Iki wigati menawa alas kang digarap dening Perum Perhutani iku ana ing wilayah administratif desa. Dadi saktemene batas wilayah desa iku ora mung ing tanah sing dipajeki bae.

Sing kudu digathekake kanggo maca lan mangerteni peta ana pirang-pirang bab yaiku:

Arah peta, kang ditunjukke kaya gambar panah ing sisih tengen iki diarani arah peta. yaiku arah sing kanggo nunjukake arah lor lan kidule peta. Umume arah menduwur utawa munggah iku nggambarake arah lor lan kosok balene arah mengisor iku nggambarake arah kidul.

  1. Skala peta, yaiku perbandingan antarane gambar peta karo kahanan saktenenane ana ing lapangan. Umpamame ana skala 1 : 25.000 (siji banding selawe ewu), artine jarak 1 (setunggal) sentimeter ana ing peta pada karo 25.000 sentimeter utawa 250 meter ing lapangan. Cara mana jarak kang sak tenane 250 meter yen digambar ing peta dadi 1 sentimeter.

Conto liya kang luwih gamblang, saka 4 peta sing digambar ana ing WASIS edisi iki, gedhene peta padha; nanging jane skalane ana sing beda. Saktemene bandingane jembare Desa Pilang, Gembyungan, Bodeh lan Desa Menden kuwi kayata gambar ing ngisor iki:

Urutane gambar ambane desa seko kiwo: Desa Pilang, Gembyungan, Bodeh, lan tengen dhewe Mendenrejo.

3. Katrangan gambar, yaiku katrangan-katrangan sing nerangake gambar-gambar utawa simbol ing peta. Katrangan iki bisa kanggo ngampangake olehe maca lan mangerteni isining peta, contone (bisa ditonton ana ing gambar)

 

 Muga-muga kawruh bab gambar peta sing sethithik iki bisa mumpangati kanggo para pesanggem sing sakiyeg saekoproyo mbangun wana. (Mas Udin)


Sekar Asmarandana

Laras Pelog Pathet Barang

dening Pak Mindar
 

Asmarandana puniki

yasa PeHaBeEm wa-na

kalembagan saranane

demokrasi den upaya

linambaran wardaya

wening kang saking Ywhang Agung

datan kena amerwasa
 

Rancak lampah mbenjang niki

kang rinancang kabeh warga

ARuPA dadi kancane

cipta rasa budi karya

kagawa mring pangreksa

gegayuhan adi luhung

gek aglis mangga budhala

 

Umpami bobot sayekti

tartamtu tan no rubeda

reboisasi samangke

Pe Ha Be Em kangge marga

sedya warga utama

amangun wana lestantun

tundhone gesang raharja

 

Pasamuan aywa lali

kadang werdha lan taruna

nggo nampung aspirasine

nyipta wahanan pakaryan

industri saumpama

dadya satriya pinunjul

tan mempan panggodho nistha

 

Anenuwun mring Hywang Widhi

mugi pikantuk nugraha

ngrembaka kang lembagane

tekan apa kang sinedya

kalising sambikala

mulyaning bebrayan agung

ing desa kang caket wana


 

Desa Sirnaresmi

lan Serentaun

Urip ing Desa Sirnaresmi rasane kaya urip ing jaman 20 tahun kepungkur, nalika aturan adat isih diajeni, sesepuh adat dituladani, gotong-royong lan nyawiji, pemuda durung kena pengaruh saka anane mabuk-mabukan utawa cecongkrahan. Masyarakat isih duwe rasa rerukunan amarga adat, yen ana rerumpegan dirampungake ana ing rerembugan kampung, dene yen ora nyukupi banjur dirampungake dening ketua adat, lan ing kene mesti bisa dirampungake.

 

Desa Sirnaresmi manggon ana ing ereng-ereng sisih kidul Gunung Halimun, Jawa Barat. Tlatah desa iki pancen jembar banget, kurang luwih 5.000 hektare, kira-kira kaping pindone ambane desa Bodeh. Sak njeroning wilayah Desa Sirnaresmi ditemokake kawasan hutan Perum Perhutani kurang luwih 3.700 hektare, utawa nyedaki telung prapate ambane desa. Amarga manggon ana ing ereng-erenging gunung, mula lemah ing desa Sirnaresmi mageneng-geneng lan angel ditekani yen nganggo kendaraan. Kahanan kang mangkono uga nyebabake sakabehane TV ora bisa digunakake.

Cacahe warga desa Sirnaresmi kurang luwih 4.000 jiwa, kalebu ing 1.081 kepala keluarga. Akeh-akehe pendidikane mung tamat SD.

Pemandangan neng Desa Sirnaresmi ingkang subur lan tentrem.

Panguripan warga Sirnaresmi umume tani lan asil sing diandelake awujud pari kang panene setahun sepisan. Kajaba pari, warga Sirnaresmi uga entuk tambahan asil awujud woh-wohan saka tegalan. Warga desa uga ngupadi panguripan kanthi ngumpulake gula aren, nyadap karet, utawa dodolan godong lontar kang migunani banget kanggo sirep utawa iyup-iyupan omah. Asil liyane diajab sangka budidaya iwak ing blumbang kang manggon ing mburi omah.

Pranata adat uga ngudokake warga supaya njaga lestarining alam sakiwa tengening desa. Alas ing Kasepuhan Sirnaresmi diatur ana ing telung bagian, yaiku alas awisan, alas titipan, lan alas garapan. Alas awisan awujud alas kang kudu dijaga amrih utuh lan lestari. Alas titipanawujud alas warisan kanggo anak putu. Dene alas garapan awujud alas sing digarap dening masyarakat kanggo panguripan.

Sawijining upacara ing Desa Sirnaresmi kang prasasat ngedab-edabi yaiku kang dijenengi Serentaun. Serentaun mujudake pesta rakyat pada uga karo sedekah bumi, sawijining upacara pertanian kang amaknani sesambunganing menungsa, alam, lan Gusti Kang Kaha Kuwasa. Serentaun kuwi perayaan tani adat kasepuhan kanggo ngetokake rasa mongkog lan syukur rikala panen kasil kalaksanan, sakwise nggarap lahan pertanian kang pancen kebak kangelan lan perjuangan.

Serentaun uga dadi panggonan kanggo paseduluran antarane masyarakat adat kasepuhan karo masyarakat liyane, sarta karo para pengreh praja. Salah sawijining sesanti Sunda kanggo ngadepi kahanan sing isa ditiru yaiku "Nyoreang alam ka tukang nyawang anu bakal datang", kang tegese waskita marang apa kang wis kedaden, mratelakake kahanan saiki, banjur ngrencanaake samubarang kanggo wektu sing arep teka.

Muga-muga kanthi ngerencanaake apa-apa kang luwih becik, ndadekake panguripan kita ana ing mangsa candake luwih apik. (Mas Aji)


  

Nyadran

 

Nyadran utawa sedekah bumi (gas bumi) yaiku upacara sing dianakake setahun sepisan wayah bubar panen. Saben padukuhan duwe dina pasaran dhewe-dhewe. Nyadran mau kalaksanakake kanggo pangucap rasa syukur dumateng bumi. Biasane dianakake neng panggonan sing dianggep keramat utawa daerah sing ana sumbere, kayata sumur lan sendang.

 

Upacara sedekah bumi utawa nyadran dianakake ana ing panggonan sing dianggep keramat lan panggonan sing ana sumbere sebab Sing Mbaureksa ana ing panggonan keramat mau dipercaya sing bisa nentokake kasil utawa orane panenan. Nek babagan dipilihe panggonan sing ana banyune amarga banyu kuwi mau dadi pratanda utawa simbol kauripan. Pancene kabeh kauripan ana ing donya mesti mbutuhake banyu.

Dadi pancen upacara nyadran iki ana hubungane karo adate wong Jawa jaman biyen sing diarani animisme lan dinamisme, yaikukapercayaan karo leluhur lan kekuatan barang-barang sing gedhe ujude (kayata: uwit sing gedhe utawa watu sing gedhe). Wis dadi watake wong Jawa yen diwenehi duwe rasa wajib mbalekake, semana uga ana ing babagan pertanian. Para peta-ni sing diwenehi hasil bumi sing wujud panenan mbalekake kanthi cara sedekah bumi kuwi mau.

 

Pak Modin mimpin warga ngedongan kanggo acara nyadran (kiwo) lan swasono nyadran sing kaleksanan ing pertapan Kemirikerep. (Foto: Mas Rama)

Kanggo ngramekake upacara nyadran mau dianakake acara kesenian kethoprakan, campur-sarinan, utawa tayuban. Nek jaman biyen sing mbaureksa sok-sok duwe kepinginan dipentasake tayub utawa kesenian liyane kang disampekake liwat pamong. Nek jaman saiki pentas kesenian dianakake kanggo ngramekake sarasan.

Sak durunge nganakake upacara iki para warga masyarakat ing dusun nganakake sambatan bersih desa lan ndhandhani panggonan-panggon-an sing keramat. Mula saka kuwi upacara nyadran iki bisa uga diarani upacara bersih desa utawa sedekah desa (gas desa).

Persiapan lan pelaksanaan upacara nyadran kuwi mau kalaksanakake kanthi gotong royong kabeh warga masyarakat. Neng kene kabeh masyarakat bareng-bareng nyambut gawe kanggo kepentingan bersama sing uga dadi tujuan upacara nyadaran, yaiku supaya ora ana kedadian sing ora dikepengenake lan supaya panenan sing mbesok bisa apik. (Mas Nanda)


 

Warung Kayu

 

Jare nggolek kayu sing padhang utawa resmi iku susah. Urusane mumetake sirah. Kudu ngurus iki lan ngurus iku. Mbayar sakmene neng kana, mbayar sakmana neng kene. Wis ngana regane isih larang. Tuku sak ithik ora isa, padahal sing dibutuhake reng utawa usuk rong ndlojor. Mendhingan njupuk saka alas. Gempang, sanadyan resikone ya gede.

Saiki ing Randublatung wis dibukak apa sing diarani warung kayu. Tujuane ya kuwi kanggo nggampangake nggolek kayu resmi. Syarate mung photokopi kertu tanda penduduk (katepe) lan surat saka lurah utawa kepala desa. Teka neng warung. Mbayar. Rampung, kayu bisa digawa mulih. Ora nganggo SI. Ora perlu melu lelang. Regane uga kepara murah amarga nggunakake harga dasar utawa rega paling murah sing diijinake. Warung kayu iku pancen khusus kanggo wong cilik.Warga sing butuh kayu nanging duite pas-pasan. Kajaba kanggo tambal sulam omah lan nggawe meja kursi, warung kayu uga nyediyani kebutuhane para pengrajin cilik utawa industri kecil.

Bandingane kayu sing didol neng TPK karo kayu cilik sing didol neng Warung Kayu kanggo masyarakat. (Foto: Mas Nanda)

Tanggal 23 Agustus kepungkur 14 warga masyarakat saka Bodeh, Mendenrejo, Pilang lan Gembyungan nyatakake anane warung kayu mau. Manggone ana ing TPK Randublatung. Sing bisa dituku ing warung iki yaiku kayu jati lan kayu liyane saka midelan 7 senti nganti 30 senti munggah (A1, A2 lan A3). Warung kayu uga nglayani kebutuhan kayu bakar utawa rencek. Saben wong dibatesi 1 m kubik kayu lan 2 stapel rencek. Ing wektu setaun uga dibatesi. Mung oleh tuku 5 meter kubik lan 10 stapel rencek. Kayu saka warung iki uga ora diijinake digawa metu daerah, kajaba yen wis ujud barang dadi. Dadi pancen mung kanggo kebutuhan warga masyarakat desa sak kiwa tengene alas.

Anane warung kayu pancen isih terbatas. Ing KPH Randublatung cacahe mung loro yaiku ing TPK Randublatung lan ing TPK Doplang. Warga sing adoh saka warung radha susah yen mung butuh sak lonjor utawa rong lonjor. Ora cucuk karo ngangkute. Apike pancen kudu bareng-bareng bature. Sak jane masyarakat uga bisa ngelola warung kayu neng desane dhewe-dhewe. Tuku saka warung lan ditampung neng desa. Sak wektu-wektu warga sing butuh bisa tuku eceran. Apike maneh yen kayune digraji sisan. Warga bisa langsung nggunakake. Ora perlu ngundang serkel. Ing warunge Perhutani kuwi pancen mung nyediyani kayu glondong. Jarene mengko mundhak dadi kayu ora kanggo nggawe amarga ora trep karo kebutuhane masyarakat.

Kanggo ngelola warung kayu ing desa sing dibutuhake mung kelompok kaya koperasi utawa kelompok liyane sing nduweni badan hukum. Sing mesti kudu nduwe modal duwit kanggo tuku kayu amarga nurut ngendikane kepala TPK sing uga kepala warung kayu Randublatung kayu sing metu saka TPK kudu wis lunas dibayar. Yen wis awujud warung kayu lan katone lancar bisa ngajokake jatah dhewe neng KPH. Kaya warung kayu neng Solo sing uga ditangani masyarakat, saben sasi bisa oleh jatah 50 m3.

Warga sing nyatakake anane warung kayu iku uga ngrasakake undhak-undhakane Perhutani anggone nggathekake masyarakat. Warga Bapangan sing teka ngaturake matur nuwun marang Perhutani amarga wis gelem membuka diri. Muga-muga kesempatan iki bisa dadi wiwitan kang apik. Anane warung kayu perlu dikabarake marang sakabehe warga.

 

Warga liyane sing wis radha tuwa nanggapiyen tuku saka warung iku kayune resmi. Nggarape bisa tenang. Nggraji kayu uga ora kuwatir disita serkele. Dadine omah utawa perabot bisa apik tenanan. Beda maneh karo kandhane salah sijine nom-noman sing maca regane kayu. "Wah, larang temen." Apa maneh kayu sing bisa disediyakake mung lagi kayu sing kurang apik kanggo pertukangan.

Pancen sarwa susah. Nanging anane warung kayu paling ora bisa digunakake warga sing wis sadar marang lestarine alas. Warga sing maune nggunakake kayu petheng amarga angel nggolek kayu resmi bisa teka ing warung kayu. Wong cilik sing modale pas-pasan lan kepingin mbukak usaha kayu uga ora perlu bingung maneh. Bisa tuku ing warung. Digarap kanthi tenang. Alon-alon, ora perlu wedi arep dioperasi. Hasile bisa alus temenanan. Apik temenanan. Edi lan peni. Regane mesthi ya maremake. (Mas Irak & Mas Yono)

 


mBah Domo Pinanggih Direksi Perhutani

mBah Domo, Ketua LRH Temulus pinanggih kaliyan Direksi Perum Perhutani ing Jakarta, rikala tanggal 22 Agustus 2000. Wonten pepanggihan punika, mBah Domo mratelakaken samubarang reribet lan perkawis-perkawis ingkang dipun rasakaken dening para kadang pesanggem lan perencek. Pak Ir. Abas TS (Direktur Utama Perum Perhutani) sagah badhe langkung anggatosaken dateng nasibipun para pesanggem lan perencek, wonten ing pundi kemawon ing sadaya tlatah Perhutani. (Mas Fay)

Komik: Warga Wana (Gawe Rabuk Kompos)