Atur Pratela


Komik: Warga Wana

Kanthi amunjukaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Moho Welas lan Moho Asih ingkang sampun kepareng paring sadaya kanikmatan saingga Aliansi Relawan untuk Penyelamatan Alam (ARuPA) sampun saget angrampungaken anggitan arupi waosan buletin ingkang kasebat WASIS terbitan ingkang angka sepisan.

Mugi kawuningano bilih ARuPA punika salah satunggaling Lembaga Swadaya Masyarakat (LSM) ingkang sanget nggatosaken dhumateng kawontenanipun sumber daya alam (SDA) kalebet wana ingkang wekdal punika prelu dipun gatosaken sanget awit karisakanipun sampun warata sakukuban Pulo Jawa lan kukuban sanèsipun. Kajawi saking punika dhumateng paran para ingkang kajibah yasa lan ngreksa kawontenanipun wana sampun ngantos nilar warga sakiwa tengenipun wana ingkang pranyata gesangipun sanget gumantung dhumateng wana nan inggih warga pesanggem.

Ewadèné kanggé ngawékani babagan punika ARuPA wiwit warsa 1998, nyarengi masa reformasi, sampun analiti bab risakipun wana utaminipun wana ing tlatah KRPH Kedungsambi lan Desa Temulus. Saking panalitèn kala wau lajeng saget dipun pendhet bakenipun bilih kanggé yasa lan ngreksa murih lestantunipun wana punika kedah nyarwé utawi sareng kaliyan warga masyarakat sakiwa tengenipun wana.

Kanthi bab kasebat, ARuPA mbudidaya sayuk karya kaliyan warga masyarakat Temulus, Karanganyar, Bulakan lan warga sanesipun kadasta Ngampon, Sambonganyar tlatah Kecamatan Menden kaliyan KPH

Randublatung supados risakipun wana ingkang mrihatosaken punika saget énggal dipun-reboisasi malih kanthi nggatosaken kabektahan warga masyakarakat datheng wana. Ing ngriku cethanipun warsa 1999 ndungkap warsa 2000, punopa ingkang dipun kersaaken warga masyarakat sampun kaleksanan inggih punika ngolah wana kanthi: wana saget lestantun, panggesangan warga masyarakat saget mindhak, kabektahan kajeng saget kacekapan lan kasuburanipun siti kajagi.

Wekdal semangké ARuPA sampun ngrembakaaken kegiatan ingkang sami dhateng desa-desa sanesipun inggih punika Desa Bodeh, Pilang, Gembyungan, Sambongwangan lan Mendenrejo.

Ewadéné wosing terbitan sepisan punika nyakup pinten-pinten perkawis antawisipun Tarif Upah Perum Perhutani, mBah Poni pesanggem taberi rajin lan rapi, ugi macapatan ingkang cakepanipun magepokan kaliyan cara pangolahanipun wana. Wonten malih cerita babagan Ketua KTH ingkang sampun nedahaken tanggel jawabipun minangka Ketua Kelompok milai saking administrasi lan praktek lapangan, lan patut dipun tuladhani dening ketua-ketua sanesipun.

Ing wasana mugi-mugi terbitan WASIS angka sepisan punika saget lumampah kanthi saé dumugi salajengipun. Kanthi pangajab ing mbenjangipun sok sinteno ingkang panggesanganipun saking Sumber Daya Hutan (SDH) sageta ndamel buletin piyambak kagem kabektahan warga piyambak. Saking warga kagem warga. Kados déné wana, ingkang ngupoya warga kagem kamulyaning warga ugi. 

Nuwun,

WASIS

 


 Nindakake Kuwajiban

Sakdurunge Nuntut Hak

Dadi pesanggem iku mujudake pakaryan kang minulya tumrap lestarining alas. Ngupakara lemah alas kanthi setiti bisa ngasilake penguripan kang ora sethithik mungguhing para pesanggem lan masyarakat liyane. Pakaryane pesanggem mau bisa dadi pangupo boga tumraping kadang tani kang kekurangan lemah kanggo nenandur. Sakliyane kuwi uga bisa ambangun alas kanggo kamulyane anak putu.

Perum Perhutani kang dipercaya dening pemerintah ngupakara alas kudu bisa bebarengan masyarakat ngupakara alas supaya lestari. Masyarakat ora kena dianggep mung buruh kang kudu nindakake apa kang wis ditentokake dening Perum Perhutani kanthi bebungah kang kurang banget tumrap masyarakat.

Perum Perhutani lan para pesanggem kang wis kaiket kontrak nduweni hak-hak lan kuwajiban kang kudu ditindakake. Antarane hak lan tanggungjawab kuwi kudu selaras siji lan sijine, artine para pesanggem ora kena mung nuntut hak wae, nanging kudu nindakake apa kang dadi tanggung jawabe. Semono uga Perum Perhutani kudu nindakake kuwajibane yaiku menehake hak-e para pesanggem kaya kang kasebut ana ing layang kontrak. Hak-hak kuwi ora kena dirende-rende.

 
 
Jamane wis beda karo jaman biyen, para pesanggem mung manut apa kang diprentahke dening petugas Perum Perhutani, saiki pesanggem kudu bisa njlentrehake apa kang dadi penemune mungguhing isi kontrak. Paugeran-paugeran kang ana ing layang kontrak kudu bisa dingerteni lan ditampa dening pesanggem lan Perum Perhutani, aja nganti para pesanggem gelem neken layang kuwi sakdurunge mangerteni tenan apa isine. Apa maneh yen ora ana layang kontrak babar pisan aja nganti pesanggem gelem nuruti.

Apa kang dadi kuwajiban lan hak para pesanggem lan Perum Perhutani sejatine kudu dirembug kanthi musyawarah saklorone supaya ora ana kang krasa dirugekake lan bisa katindakake kanthi apik. Para pesanggem bisa nemtokake kepinginane, kayata jenis tanduran, pola tanam lan sakpiturute. Semono uga Perum Perhutani, saenggo saklorone bisa padha mareme anggone kerja sama. Yen wis ana kecocokan saklorone ing tembe mburine hasile bisa dadi apik. Apa kang sasuwene iki dilakoni, yen durung bisa ditampa salah sijine kudu enggal diowahi nganggo musyawarah.

Menawa kontrak wis bisa disarujuki sakloron, banjur padha nindakake apa kang dadi jejibahane. Para pesanggem ngupakara lemah kayata gebrus, nenandur, ngrumat tanduran lan sakpiturute kanthi temenanan, lan Perum Perhutani menehake apa kang dadi hake para pesanggem, kayata upah, winih lan liya-liyane kang wis katulis ana ing layang kontrak. Yen para pesanggem lan Perum Perhutani bisa nindakake kuwajiban-kuwajibane banjur bisa nuntut hak-hak kang kudu ditampa. (Mas Apriliantoro)

 


KTH Modhel Anyar

Kemis Legi tanggal 16 Maret 2000 mapan ing ndaleme mBah Domo (Desa Temulus) ana pamilihan--persis pilihan lurah--nanging sing dipilih iku Pengurus KTH. Rame-rame bapak-bapak lan mas-mas pesanggem anggota KTH Sumber Sri Widodo, nulis nomer urut calon pengurus ing kertas sigaret lan dilinting banjur diklumpukake ing rantang. Lintingan kertas mau banjur dietung lan ditulis ana ing sakwalike kertas tilas tanggalan. Disekseni dening pengurus Lembaga Rembug Hutan Temulus lan ARuPA. Prastawa iki diarani pemungutan suara utawi voting lan iku sing dadi wose demokrasi, senajan mung dieloni 20 wong--ora kaya pilihan lurah utawa pemilu--jenenge tetep demokrasi.

 

 Demokrasi

Pilihan pengurus sing demokratis menehi kekuatan awujud kapercayan marang wong sing kepilih dadi pemimpin lan nglegakake sarta menehi rasa percaya marang wong-wong sing dipimpin. Rasa ayem dan seneng kanggo pemimpin lan sing dipimpin iki bisa dadi bensin tumrap mlakune mesin organisasi sing apik. Syarat kanggo dadi ketua KTH prayogane bisa maca lan nulis. Yen pancen ora ana sing bisa maca lan nulis mangka ketua KTH kuwi kudu dikancane sekretaris sing mbantu cathet-cinathet, kayata cathetan bab keputusan rapat, nggawe daftar hadir, lan liya-liyane. Sakliyane sekretaris, ketua KTH prayogane dibantu dening bendahara sing ngurusi babagan keuangan (dhuwit).

Tugase sekretaris lan bendahara kuwi akeh banget, lan saklorone kudu mandhegani anane transparansi. Bendahara nyatheti mlebu metune dhuwit lan kanggo apa wae dhuwit mau. Bab iki kudu dilaporke pengurus neng ngarepe anggota sing wis milih dheweke. Laporan sing blak-blakan mau kudu dikantheni cathetan sing apik.

Kajaba kuwi sekretaris uga dadi sokogurune demokrasi, awujud nyatheti keputusan-keputusan sing wis disetujoni ing kumpulan kelompok sing dikantheni daftar hadir. Cathetan saklorone padha pentinge karo cathetan keuangan. Saka cathetan sakloron mau bisa dimangerteni kabeh sing wis dadi keputusan kelompok lan kudu ditindakake kanthi rasa tanggung jawab.

  

Bedane KTH Modhel Anyar lan KTH Modhel Lawas

Bab sing paling mbedakake KTH modhel anyar karo modhel lawas yaiku babagan pamilihan ketua KTH. KTH modhel lawas, ketua dipilih dening mandor kanggo mbiyantu pakaryan nenandur. Ana ing KTH modhel anyar ketua diplih dening anggota, saengga kudu mikirake bisane mujudake kekarepane anggota. Saumpama ana anggota sing ora sarujuk marang isen-isene kontrak, utawa upahe nenandur kurang, KTH kudu ngusulke ngrombak isi kontrak mau marang mandor, mantri, sinder, utawa ADM. Penemu iki bisa dadi kuat menawa disengkuyung bareng-bareng dening KTH-KTH liyane lan dikancani dening perangkat desa. Bab liya kang mbedakake, ketua KTH modhel lawas entuk upah (naminipun tunjangan) saka Perum Perhutani, KTH modhel anyar upah kuwi ora ana, ing kene para anggota kudu mikirake lan mbiyantu ketuane.

Pesanggem ing KTH kudu bisa mbuktekake yen bisa ngatur awake dhewe. KTH kudu ngupayakake bisane para anggota nampa hak-hake, lan bisa ngatur para pesanggem supaya tertib anggone nindakake kewajiban. Bab iki sing diarani sadar hukum.

Katon ing kene menawa KTH modhel anyar iki luwih merdiko lan nyenengake. Sakliyane kuwi KTH modhel anyar iku bisa terus nganakane kumpulan senajan pakaryan nenendur wis paripurno. (Mas Rama)


Upah

 

Pesanggem sing mbutuhake lahan langsung njupuk lan nggarap dhewe-dhewe, ora kaya wektu sadurunge rikala mandor tanam ngatur jatah lan wong kang nggarap. Akeh pesanggem anyaran sing lagi sapisanan melu nggarap lemah alas. Hak lan kewajiban dadi pesanggem kala-kala ora ngerti. Pesanggem sing wis suwe wae uga kala-kala ora ngerti hak sing kudu ditampa lan kewajiban sing bakal dilakoni.

Kahanan iki disebabake pengelola alas (Perum Perhutani) kurang blak-blakan njlentrehake (amergi kesusu) apa sing kudu dilakoni pesanggem lan apa sing kudu ditampa Pesanggem utawa petani hutan ing alas wewengkon KPH Randublatung sing saiki panen garapan. Penjarahan kayu jati kang kawiwitan bulan Mei 1998 kapungkur uwis ngentekake udakara 3.000 hektar utawa 15% alas KPH Randublatung lan saiki dadi lahan kosong.

Dadi pesanggem yen dipetung uga abot. Lahan tilas tebangan jati kudu diresiki terus dipaculi nganti siap ditanduri. Abot maneh menawa nggarap neng lahan tilas jarahan amarga isih akeh tunggak jati, kayu cilik-cilik lan tatal jati sing isa ngenani tangan utawa sikil. Tanduran jati utawa liyane kang isih cilik uga akeh lan kudu melu diresiki. Ing Randublatung wektu nggarap lahan seprapat hektare nganti siap ditanduri isa sesasi luwih. Pesanggem pancen isa nanduri tanduran palawija ing lemah mau. Biasane ana wektu 2 taun kanggo tetanen sadurunge ditanduri jati (bosokan). Nanging ing lahan tilas jarahan sing nandur jatine wiwit taun 1999 iki ora ana bosokan, sing oleh jatah taun mburi wae sing bosokane ana.

Pesanggem uga kudu melu mbantu Perum Perhutani nandur jati. Gawe acir lan sekaliyan ngencepake dadi garapan sepisan para kadang pesanggem ing lahan taneman. Yen bibit jati-sing taun iki awujud plancis-wis siap pesanggem uga kudu melu nandur ing andil utawa lahan garapane dhewe-dhewe. Nglangsir saka papan tekane bibit nganti andile pesanggem uga kudu dilakoni. Menawa rabuk teka, pesanggem uga kudu ngrabuk tanduran jati sing wis ditandur kalebu tandurane pertanian.

Saka gaweane pesanggem sing akeh lan abot mau kala-kala hak sing samestine diwenehake Perum Perhutani ora ditampa. Pesanggem uga ora ngerti lan nganggep asil saka tetanen ing andil iku sing dadi hake. Ing Perum Perhutani dhewe mestine biaya kanggo ngolah lahan lan nandur jati sing ditampa pesanggem ana kalebu yen alas mau nandure diborongake ngganggo banjar harian. Ing ngisor iki kajlentrehake duit kang kudune ditampa pesanggem ing taun sapisan:

TARIP UPAH TANAMAN PERUM PERHUTANI

KPH RANDUBLATUNG 1999

BANJAR HARIAN TAUN SAPISAN (sing ditampa penggarap)

No.

Kegiatan

Satuan

Fisik

Tarip Upah

(Rp)

Lahan 4 Ha

Pola 3 x 3 m

1

Babad jalur larikan tanaman pokok/pengisi

Hm

Rp 3.000

Rp 400.000

2

Babad jalur larikan tanaman tepi

Hm

Rp 3.000

Rp 24.000

3

Babad jalur larikan tanaman pagar

Hm

Rp 3.000

Rp 24.000

4

Gebrus tanaman pokok/pengisi

Plc

Rp 100

Rp 444.440

5

Gebrus tanaman tepi

Plc

Rp 50

Rp 13.330

6

Gebrus jalur larikan tanaman pagar

Hm

Rp 10.500

Rp 84.000

7

Gawe kowakan tanaman pokok, pengisi lan tepi

Bh

Rp 100

Rp 444.440

8

Gawe lan ngencepake acir

Btg

Rp 10

Rp 50.440

9

Nandur jati plancis

Plc

Rp 10

Rp 44.440

10

Langsir plancis teka lokasi tanem

Plc

Rp 10

Rp 44.440

Jumlah

Rp 1.573.530

 

 

TANAMAN RUTIN (TUMPANG SARI) TAUN SAPISAN (sing ditampa pesanggem)

No.

Kegiatan

Satuan

Tarip Upah

(Rp)

Lh. 4 Ha

Pola 3 x 3 m

1

Ngerisiki lahan

Ha

Rp 15.000

Rp 60.000

2

Gawe lan ngencepake acir

Btg

Rp 10

Rp 66.440

3

Ngolah lahan

Ha

Rp 100.000

Rp 400.000

4

Nandur jati plancis (semai)

Plc

Rp 10

Rp 44.440

5

Langsir plancis teka lokasi tanem

Plc

Rp 10

Rp 44.440

6

Kontrak tanaman

Ha

Rp 24.000

Rp 96.000

Jumlah

Rp 711.320

 

Ing lahan 4 hektare 200 x 200 meter nganggo pola tanam 3 x 3 meter pesanggem kudune nampa Rp711.320. Yen pesanggem duwe lahan seprapat hektare artine ana 16 pesanggem sing bakal nampa Rp44.458 saben wong. Dibandingake abote gawean dadi pesanggem duit iku sabenere ora cucuk babar pisan. Ngolah lahan sesasi ing lahan seprapat hektare wutuh bayarane mung Rp25.000. Kasunyatane duit sing wis sethithik mau malah akeh sing ora ditampa pesanggem.

Tarip upah sing ora dingerteni dening pesanggem iku nyebabake Perum Perhutani bisa menehake duit kurang saka jatahe. Pesanggem dhewe sing ora ngerti kewajibane uga akeh sing ora gelem gawe acir lan nandur jati. Menawa gelem biasane nggarape males-malesan, luwih apik ngurus tandurane dhewe. (Mas "Irak" Rohni Sanyoto)

 


Buku Catatan

Kelompok Tani Hutan

Tujuanipun dipun susun buku catatan ketua KTH punika supados sedaya ketua KTH lan pesanggem saget pirsa punapa ta hak-hak lan kewajibanipun dados ketua KTH lan dados pesanggem ingkang saleresipun.

Amargi dumugi wekdal sak punika kathah kanca-kanca pesanggem lan ketua KTH ingkang sami dereng pirsa punapamawon ingkang dados hak lan kewajibanipun.  

 Pesanggem mboten nate pirsa pinten tha agengipun upah ingkang kedah dipun tampi selaras kalian ambanipun andil kagunganipun. Ngaten punika dipun sebabaken amargi piyambake (pesanggem) dereng pirsa agengipun pedamelan ingkang dipun lampahi. Ngantos wonten ugi kedadosan pesanggem dereng nampi upah pedamelanipun senajan sampun rampung.

Pencatatan ingkang sae dipun wiwiti saking wekdal pesanggem wiwit padamelanipun. Sedaya ketua KTH sak derengipun ngempalaken lan pados pesanggem ingkang badhe nyanggem kedah kagungan surat kontrak utawi surat perjanjian, supados mboten gampil diapusi kemawon.

Wonten ing ngandhap punika wonten tuladha buku catatan kagem sedaya ketua KTH. Lan buku catatan punika ageng sanget manfaatipun.

KK01 punika isinipun daftar sedaya pesanggem ingkang dipun lengkapi alamat lan ambanipun andil sedaya pesanggem ingkang wonten ing satunggalipun KTH. Ingkang ginanipun kagem ngisi serat kontrak lan nggampilaken sak wanci-wanci dipun betahaken KTH piyambak, utawi wonten kerawuhan saking jawinipun KTH.

KK 01

DAFTAR LUAS ANDIL PESANGGEM

No. PETAK ..... LUAS BAKU......Ka KTH......

No

NAMA

ALAMAT

LUAS ANDIL (Ha)

1

Marijan

RT 03/RW III/ Temulus

0.20 hektar

2

Sariman

RT 01/RW I/ Ngampon

0.35 hektar

3

...

lan saklajengipun...

....

Jumlah

....

 

Caranipun ngisi KK01

  1. Ketua KTH kedah ndaftar sedaya pesanggem ingkang wonten wilayahipun. Ambaning wilayah saget setunggal petak utawi setunggal anak petak. Menawi setunggal petak utawi anak petak pesanggemipun kekathahan, saget dipun bagi kalih utawi tiga KTH.
  2. Ketua KTH (kanthi dibantu pesanggem ingkang kagungan andil) ngukur ambanipun andil kagunganipun pesanggem. Salajengipun dipun lebetaken buku KK01 punika
  3. Bilih Pesanggem kagungan andil langkung saking setunggal andil punika panyathetipun inggih kedah dipun catet sedaya ananging dipun pisah. Upami Sariman kagungan andil 0.35 ha wonten ing andil sanes kagungan malih 0.10 ha, punika kedah dipun dhewe-dhewe, mboten dipun gabung dados setunggal utawi 0.45 Ha.

Kagem mirsani ageng-e prestasi pedamelanipun ingkang sampun kelampahan dening pesanggem, Ketua KTH kedah kagungan catetan ing ngandhap punika.

KK 02

DAFTAR PRESTASI KERJA PESANGGEM

No. PETAK : .... LUAS BAKU :....KA KTH :....

N0

Nama

Luas Andil

JUMLAH TANAMAN

Total Acir

Keterangan

Pokok

Pengisi

Tepi

Pagar

1

Marijan

0.20

250

20

20

60

350

.....

2

Sariman

0.35

330

29

35

-

394

.....

3

.... lan saklajengipun..

....

....

....

.....

 

KK 02 punika isinipun prestasi pedamelanipun para pesanggem dumateng jalur kehutanan. Kanthi tujuan nggampilaken ngetang jumlah tanaman pokok jati sak wanci -wanci dipun wontenaken evaluasi keberhasilan penanaman.

Kagem ngetang jumlah acir punika kedah dipunlampahi piyambak kalian pesanggem. Dados mboten pareng ngetangipun dipun borongaken dumateng ketua KTH. Kaliyan malih pesanggem ingkang kagungan andil langkung saking setunggal lan panggenipun mboten ngempal, kedahipun nggih dipun etang piyambak-piyambak jumlah aciripun.

KK03

DAFTAR UPAH KERJA PESANGGEM

No. PETAK: ..... LUAS BAKU: ..... KETUA KTH: .....

No

Nama

Luas Andil

Jumlah Acir

PEMBAYARAN

Jumlah

Total

Ket

Kontrak

Pengolahan Tanah

Biaya Acir

1

Marijan

0.20

270

Rp 4.800

Rp 20.000

Rp 4.725

Rp 24.725

2

Sariman

0.35

394

Rp 8.400

Rp 35.000

Rp 6.895

Rp 41.895

...

..

...

...

...

...

...

Ketua KTH inggih kedah kagungan KK.03 punika, supados saget pirsa agengipun upah ingkang saestunipun saget dipuntampi kaliyan pesanggem. Mila acir kedah dipun damel piyambak lan dipasang dening pesanggemipun. KK03 nggampilaken Ketua KTH wekdal ngedum upah menawi pedaleman pesanggem sampun dibiji sae. (Mas Edi Suprapto)


Sekar Durma Sureng Kewuh

Pelog Barang

Sigra gumrégah reksa wana lan warga

nggènnya nedya naliti

datan ringa ringa

anggelar prastawa

sineksènan bumi langit

ambabar karsa

sayek saéka kapti

Uripé pesanggem rikala samana

mbudidaya pakarti

nadyannora spira

sinisih mring para

tan ana kang welas asih

amaspadakna

nalangsa gesang nèki

Mangsa kala nedhengi darbé palawija

éling mring kang bekténi

para dwija éka

kaling kang hangreksa

duga-duga nora kèri

tansah sumadya

nengga dhawuh nireki

Iku sira kang nampi purba wasésa

mugya kersa ndarbeni

hambeg para marta

tuhu wicaksana

tata-tata énggal aglis

kang dadi srana

Pé Ha Bé èM sayekti

Nuju prana Pé Ha Bé èM wus nyata

ngga sareng hamirsani

pangolahing wana

ana tlatah Blora

Randublatung nyata yekti

wewengkon Jawa

rinengkuh mitra sami

Dumadiné kabèh warga darbé kersa

èL èR Ha Té cumawis

wadhah rembug warga

pesanggem kang ana

sarujuk reboisasi

ambangun wana

amrih bisa lestari

Amurwani mediasi ngga sarana

kasusul presentasi

ing kono pranyata

tan ana rubeda

mujudaké èM èR mosaik

bakal raharja

uripé bangsa nagri

Rinumpaka sagung kulawangsa wana

Pé Ha Bé èM puniki

wajib ditindakna

tan kena sulaya

warsa iki kawiwiti

yèn kèri léna

karsa warga bumi


Kiprah Wanudya Temulus

Jarum jam wis nuduhke jam wolu bengi, molor sak jam saka sing wis di jadwalke. Wong-wong nembe teka lan gage-gage lungguh. mBakTukini, mbuh wis kaping pira olehe mlebu metu karo nggawa baki isi gelas-gelas teh. Mas Karjan, bojone mBak Tukini nggegem sak kepel mbako ing sajeroning gelas cilik ing ndhuwur meja sela-selane kertas-kertas, map rokok, lan gelas-gelas isi wedang . Rapat LRH (Lembaga Rembug Hutan) wengi kuwi ndang diwiwiti.

 

Rapat LRH Senin wengi, 20 maret 2000 kuwi pancen rodo panas. Perdebatan rame antarane Kang Samijan karo Mas Edi lan peserta rapat liyane. Lumayan suwe ugo perdebatan iku. Ning suwe-suwe kahanan bisa di leremake lan rapat bisa lumaku kanti tenang. mBak Tukini metu maneh karo nggawa baki kang isine rong piring kacang goreng. Lakune sigrak nyelehke piring kuwi ing sela-selane meja sing isih longgar, lan ora lali dheweke nyumanggaake para tamu supaya nyicipi panganan iku .

Omah paling pojok gang 14 Desa Temulus nggone pasangan Mas Karjan lan mBak Tukini iki arang-arang sepi saka tamu, apamaneh sak wise bojone mBak Tukini dipercaya mimpin LRH. Malah mBak Tukini asring melek-an nganti wengi. Nanging dheweke rumangsa seneng mergane dheweke bisa terus ngerti perkembangan ing sakupenge, arepa mung sithik-sithik wae. Contone sistem MR sing lagi dikembangke ing Desa Temulus iki.

Pancen ora akeh ibu-ibu utawa para bojo sing gelem ambyur luwih jero ing sakabehe bab-bab kang magepokan karo baon, ladang apa maneh masalah aturan main-e. Bu Muraji bojone salah sijining Ketua KTH ngaku yen ora pati mikirke penggaweane bojone yaiku ngembangake sistem MR. Ning kanggo bab-bab liyane dheweke ngaku yen ora ngerti, mituture, iku wis dadi wenange bojone.

Padha karo Bu Muraji, Bu Diyem, warga Ngampon sing isih sibuk mbiyantu bojone, Pak Sakimin, ing sak ngisore panas sengrenge awan iku, 20 Maret 2000, malah durung tau krungu karo sistem MR, ning dheweke ngiro yen bojone ngerti ngenani bab iku. Apa sing ana pikirane Bu Diyem mung melu mregawe, melu mbiyantu apa wae sing bisa dilakoni, kayata matun utawa acir.

Beda maneh karo mBah Poni dheweke siji-sijine wanita pesanggem warga Temulus kang aktif melu cawe-cawe, anggone ngembangake sistem MR (palihan lemah: sepalih kagem pertanian, sing sepalih ditanduri janggleng) peran dobel sing mesthi dilakoni, saliyane dadi ibu ugo dadi kepala somah, meksa mBah Poni kudu bisa ngerti sakabehe.

Wong-wong iku mau nggambarke "Kartini-Kartini" Temulus sing emane ora patiyo nduweni semangat revolusioner 45 kanggo ngerubah kahanan. Kahanan kang luwih becik sing direp-arep dening wong-wong mau dipercayaake ing pundake para putra. Kayane wong-wong iku wis ora kuwawa utawa disengaja. Kareben ora kuwawa, saengga bisane mung narima wae.

"Alah-, kersane ngriku Mbak, mangke Pur mawon sing sekolah cek pinter, ora kaya makne-", pangarepe mBak Njah marang anak wadon-e, Dik Pur, sing sedela maneh bakal ngadhepi EBTANAS SD. Pangarep-arep lathine sawijining Ibu.

Tekade masyarakat kaya-kayane pancen wis kenceng, supaya nasib anak putune mbesuk bisa luwih becik tinimbang saiki. Utamane kanggo bab pendidikan, sithik akeh ya wis oleh panjurung saka mahasiswa sing nate KKN ing desa iku, lan uga ARuPA sing anggota-anggotane isih mahasiswa utawa sarjana.

Tekane wong-wong "jaba" (mahasiswa) kober nggawe geger kabudayan tumrape warga Temulus, uga para wanitane. Kesadharan pola pikir lan cara pandang anyar tumraping masalah sing coba dikenalake, nggawe warga dadi kaget. Ana sing bisa nerima, ngenengke, malah ana uga sing nulak.

Kanggo saperangan gedhe ibu-ibu utawa para wanita luwih seneng nerima, nanging ora wani melu cawe-cawe ing sajeroning perubahan iku. Saperangan, nganggep yen saiki wis dudu jamane maneh, wis ben apa anane wae. Lan kanggo bab kang neka-neka, iku kareben diurusi dening cah-cah enom. Sing penting kanggone wong-wong iku, bisa slamet lan urip kanti tenang, lan syukur yen sistem MR bisa kasil sing artine wong-wong iku bisa tetep nggantungke uripe saka alas, amerga mituture, iku wisa sak mestine, Masyarakat alas ya urip saka alas, leh-. (mBak Eni)

 


 mBah Poni:

Wanita Pesanggem

Wanita setengah tua sing duweni omah ono ing RT 07/RW 02 wektu iki melu aktif ing program MR sing dadi kesepakatan antarane warga masyarakat desa Temulus karo Perum Perhutani. Ora akeh wanita sing melu aktif ono ing program iki jalaran pirang-pirang perkara, antarane wis repot ngurus omahe, dodolan lan ugo ora diijinke dening bojone.

mBah Poni sing duweni putra telu iki wis suwe ditinggal bojone, anake sing loro saiki wis iso nyambut gawe, Saminten (21 th), dadi pamomong bayi ono ing Surabaya, Jumadi (18 th) nyambut gawe ono sumatra lan sing cilik dewe Sukarjan saiki isih Sekolah kelas 2 SD.

Ndisike mBah Poni iki panjak (pemain ketoprak), nanging gawean mau wis suwe ditinggalke.

Gawean liyane sing tahu dilakoni yaiku dodolan kebutuhan samben dinane, nanging merga kanthi dodolan mau mBah Poni malah duweni akeh sanggeman (utang) mulo yo terus ora di bacutake. Saiki deweke pilih urip tani mergo kepengen urip sing luwih tenang nyerak marang Gusti Allah.

Saiki mBah Poni njupuk andil nganggo jenenge dhewe, kabeh syarat kanggo nggarap andil mau ugo dilakoni dhewekan, wiwit soko babat alas, gebrus, gawe gulutan, masang plathek, lan nandur janggleng kabeh dilakoni dewe, malah saiki tanduran ono lahane mBah Poni akeh banget jenise, antarane jagung, telo, lombok, bayem kacang ijo, tales, terung, kemangi, gedang, waluh, kates, gambas, pari lan jati pinongko tanduran sing pokok.

Hasil tandur mau ono sing didol mentahan ugo ono sing didol arupo barang mateng koyoto gethuk utawa tape. mBah Poni rumongso seneng melu ing program MR iki jalaran sak durunge ora duweni lahan sing iso digarap lan jalaran program MR iki mBah Poni iso duweni gawean sing genah lan hasile yo lumayan. Senajan program iki akehe dieloni bapak-bapak, nanging mBah Poni ora rumongso isin jalaran pagawean iki halal lan sopo wae duweni hak ugo pantes nglakoni. (mBak Eni/Foto: mBak Siti)


Pitepangan

Alam punika kacipta dening ingkang Maha Kuwaos kanggé gesang mulya tata tentrem kerta lan raharja dhateng sadaya tiyang ing alam ndonya. Mila klèrta bilih tiyang purun grisak sumber panggesanganipun piyambak.

Ingkang baken semangké kados pundi kita sami saget nyipta cara kanggé ngolah wana ingkang mboten nilaraken gagasan-gagasan saking warga masyarakat kanthi tatanan adil, demokratis, lan lestari.

ARuPA sengaja mapan wonten desa-desa ingkang caket kaliyan wana saperlu sabyantu dhumateng warga masyarakat supados saget manggihaken tata cara ingkang saé kanggé pangolahing wana. ARuPA mbyantu warga masyarakat supados saget manfaataken wana kanthi saé lan seimbang. Ugi supados masyarakat langkung saget madireng pribadi (mandiri) lan sagah bilih kedah nyang-nyangan kaliyan instansi ingkang magepokan pangolahing wana.

ARuPA namung saget mbiyantu masyarakat minangka perumus sedaya masalah ingkang tuwuh saking warga masyarakat, cethanipun masalah saking warga déning warga kanggé warga. ARuPA namung saged mbyantu dhateng pikajenganipun warga masyarakat ingkang satuhu dhumateng angger-anggeripun nagari. Sanèsipun punika ARuPA mboten minongko juragan ingkang kèngkèngan warga dhateng ngaeng, ugi sanès provokator. ARuPA inggih punika rewang ingkang sarimbit kaliyan warga masyarakat ingkang sapunika tasih kalebet warga kasisih.

Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring ngraha dhumateng sok sintena kemawan ingkang tansah satya tuhu pakarti luhur lan ingkang tansah emut nindakaken wulang wuruk agami ingkang sami karasuk.

(Mas Rama)


Komik: Warga Wana