Atur Pratela

Komik: Warga Wana

Mboten kraos Wasis sampun lumampah tahun kaping kalih. Mugi-mugi Wasis saget dipun dadosaken salah satunggaling sumber ngilmu lan saged nambah wawasan sedaya kadhang pesanggem lan masyarakat ing laladhan Randublatung.

Wasis edisi punika kathah mratelaaken perkawis ambangun kelompok ingkang sae. Ambangun kelompok ingkang sae punika mboten gampil. Mugi-mugi Wasis edisi kaping tiga punika saged dipun dadosaken pathokan ugi nambah wawasan kagem ndamel kelompok ingkang sae.

Wasis edisi kaping tiga punika wonten tulisan bab sinau sesarengan antawisipun rencang pesanggem Randublatung kaliyan pesanggem Desa Sambeng. Kegiatan "Belajar Antar Pesanggem" punika dipun wontenaken 3 dinten ing Dusun Klumpit kaliyan Dusun Kedung Dawung, Desa Sambeng, Boyolali. Salah satunggaling oleh-oleh saking Desa Sambeng inggih punika resep ndamel rabuk kompos ngagem bakteri. Wonten mriki dipun cariosaken wonten ing komik.

Ing pungkasanipun Wasis wonten tulisan bab HPHL Randublatung. Salah satunggaling organisasi ingkang wigatos dumateng permasalahan wana lan pesanggem. Redaksi Wasis ngaturaken wilujeng kagem organisasi HPHL Randublatung lan mugi-mugi saged mujudaken tujuanipun.

Nuwun,

Wasis


Peserta Pelatihan Mandor lan Pesanggem ana ing Kampus Praktek Lapangan in Desa Getas. (Foto: Mas Edi)


Kelompok Ingkang Sae

Petani lan pesanggem saben-saben ngadhepi masalah ngenani rega panenan kang murah, kamongko rega rabuk, obat, lan alat-alat tani liyane sansaya larang. Petani lan pesanggem uga duweni kepinginan lan angen-angen kang bakal diwujudake dadi kasunyatan. Rong perkara mau, yaiku masalah lan kepinginan, bisa dipecahake bareng kanthi luwih gampang menawa ana kelompok sing kuat.

Diumpamakake driji tangan kang duweni tujuan kanggo mangan utawa muluk sega, yen mung digunakake siji-siji tentune ora bakalan bisa kelakon. Beda yen kabeh limang driji digunakake bareng kanthi kompak, mesti sega sepira wae bisa ludhes. Mulo penting banget kanggone awake dhewe bisone mbangun kelompok kang kuat, kanggo ngrampungake masalah lan nggayuh tujuan utawa kepinginan.

Kelompok sing kuat kudu nduwe tujuan sing cetha kanggo dasar mlakune kelompok. Tujuan iki kudu disetujoni lan disengkuyung dening kabeh anggota kelompok, sebab tujuan iki mujudake kepinginan kang lebur saka kabeh anggota. Sabanjure tujuan iku mau kudu dijlentrehake ing sakjerone rencana kerja kelompok, uga kanthi disengkuyung dening kabeh anggota. Rencana kang wis dimangerteni karo kabeh anggota, banjur dilaksanakake kanthi bebarengan.

Ing sakjerone mbangun kelompok, uga kudu ana aturan-aturan kang cetha, kanggo nuntun mlakune kabeh anggota anggone nggayuh tujuan. Contone, anggota kudu gelem kumpulan saben-saben dibutuhake, lan gelem royongan yen pancen disetujoni dadi sawijining rencana kelompok. Aturan-aturan kaya mengkono iku kudu disetujoni, ditaati, lan disengkuyung dening sakabehane anggota kelompok.

Kegiatan kelompok nggawe rabuk kompos, rabuk kang ora nganggo obat kimia. (Foto: Mas Irak)

Ing sajeroning bangun kelompok, diperlokake anane pengurus kang kajibah nglakokake kelompok ing sadina-dinane. Pengurus dipilih saka anggota kelompok dhewe, lan sing milih uga para anggota kelompok iku. Anggone dadi pengurus kudu diwatesi dening aturan kelompok, contone rong tahun utawa telung tahun. Yen uwis rampung banjur ana pilihan maneh. Ing njero pengurus kelompok kudu ana kang dadi ketua, sekretaris, bendahara, lan pengurus liyane. Ketua nduwe kewajiban mimpin lan ngatur mlakune rencana kelompok, sekretaris tugase mbiantu ketua ana ing bab catetan lan administrasi. Dene bendahara mbantu ketua ana ing masalah keuangan kelompok. Pengurus liyane ora kudu ana, nanging yen diperlokake uga kudu jelas tugase lan gunane kanggo mbiantu ketua.

Kanggo mlakune kelompok, becik yen ana kumpulan antarane kabeh anggota lan pengurus kanthi teratur lan dijadwal. Kumpulan kanthi teratur ditentokake wektune, sesasi pisan utawa selapan pisan. Kabeh anggota kudu gelem nekani kumpulan, sebab ing kumpulan kuwi sakabehane masalah bisa dirembug lan dingerteni. Kurang becik yen anggota ora sregep anggone melu kumpulan, sebab yen mengkono iku bakalan ora bisa mangerteni apa-apa kang dadi asil rembugane kelompok.

Sakabehane keputusan kelompok kudu dingerteni lan ditaati dening anggota, mula musyawarah diperlokake ing samubarang keputusan. Kekarepan kang beda mesti wae ana lan mengkono iku biasa kedadeyan, ananging aja nganti ndadekake congkrah ing sakrone kelompok. Musyawarah mula penting kanggo nemokake kekarepan antaraning anggota kang beda-beda, utawa uga diarani mufakat. Dadi musyawarah utawa mufakat iku penting banget kanggo nyawijekake kekarepan antaraning kabeh anggota kelompok, lan kanggo ngrampungake masalah kang dipikirake kelompok.

Menawi dilaksanakake bareng, gawean dadi luwih entheng. (Foto: Mas Aji)

Yen kelompk uwis mlaku, mesti wae perlu modal. Modal ngono ana akeh perkara yaiku kang awujud duit utawa kas, awujud tenaga, wektu, lan kang awujud tekad sakabehane anggota kelompok. Kelompok kang uwis mandiri bisa nduweni kas sing diusahakake dening para anggotane dhewe. Kas bisa dikumpulake saka iuran anggota, dene pira iurane bisa dirembug antaraning kabeh anggota kelompok, lan kudu miturut kemampuane anggota. Iuran ora kudu larang, sing penting isa ndadekake anggota melu rumangsa handarbeni kelompoke.

Modal liyane kang ora kalah penting yaiku kang awujud tekad sakabehane anggota. Pepinginan kang wis nyawiji utawa tekad kanggo maju, anjalari thukule kesadaran anggota anggone mbangun kelompoke dhewe. Pak Lurah, perangkat desa, tokoh agama, lan tokoh-tokoh masyarakat liyane bisa mbiantu kelompok kanggo nuwuhake tekad sing kuat. Yen mengkono mau bisa diusahake, anggota mesti bisa ndukung kabeh kegiatan kang dianakake kelompok kanthi ikhlas lan temenan.

Rencana kalompok kang uwis dileksanakake kudu dibiji utawa dievaluasi, supaya ngerti ngendi wae sing uwis kasil lan ngendi sing isih durung kasil. Evaluasi saben wektu utawa sing diarani refleksi, akeh gunane kanggo mangerteni samubarang kang isih kudu didandani. Bisa wae rencana kelompok angel dileksanakake amarga ana perkara sing ngalang-ngalangi. Apa kang dadi alangan kudu disingkirake lan bisane ngerti kabeh mau iya saka evaluasi utawa refleksi. Dadi perencanaan, pelaksanaan, lan evaluasi mono kudu bisa mlaku kabeh. Telu-telune pada pentinge ing sajroning mbangun kelompok kang bakal bisa nggayuh tujuan lan manfangati marang sakabehane anggota. (Mas Aji)


Salah sawijining warga Desa Sambeng sing ketekan warga Randublatung (Foto: Mas Irak)

Sinau Bareng

ing Desa Sambeng

Kepinginane kanca-kanca pesanggem Randublatung sing arep sinau nggawe rabuk kompos ing Desa Sambeng, Purwodadi, diwujudne dadi kegiatan "Belajar antar Pesanggem". Yaiku kegiatan sinau bareng antarane pesanggem saka Randublatung lan pesanggem saka desa Sambeng. Sepuluh pesanggem budal saka Randublatung dina Rebo tanggal 25 Oktober 2000 numpak bis tekan Desa Sambeng.

Sawise bubar mangan bengi pesanggem Desa Klumpit crita babagan keberhasilan kelompok kang dibentuk bapak lan ibu pesanggem. Dadi ibu-ibu Desa Klumpit uga melu rembugan lan musyawarah nggawe kelompok kang apik bareng bapak-bapak. Kekompakan kelompok pesanggem Desa Klumpit patut ditiru. Kabeh pada duwe rasa tanggung jawab ningkatke kegiatan kelompok. Pesanggem Sambeng duweni kesadaran kuat kanggo ngadepi permasalahan kanthi bareng-bareng. Keputusan kang wis disetujoni bareng ditindakake kanthi tenanan. Sing luwih penting yaiku kesadaran lan nggawe rencana kang kudu dilaksanaake kelompok. Salah sijine kegiatan kelompok pesanggem yaiku nggawe pupuk kompos nganggo bakteri. Ing Desa Sambeng pesanggem wanita akeh banget peranane bab ngembangke bakteri lan rabuk kompos.

Dina kemis sawise sarapan, pesanggem Randublatung menyang ing lahan andil kang dirabuk nganggo rabuk kompos. Tanduran jagung kang dirabuk nganggo rabuk kompos iku katon subur lan godhonge ijo-ijo. Kethok ana bedane antarane werna godhong kang dirabuk nganggo rabuk kompos (organik) lan sing dirabuk nganggo rabuk kimia. Jagung kang dirabuk nganggo rabuk kompos bisa luwih ijo wernane, uwit kang isih enom bentuke gepeng, lan bisa ngasilake jagung kang gedhe.

Dina Jumat acarane sinau nggawe rabuk kompos. Kurang luwih jam 10.00 esuk, pesanggem saka Randublatung lan Klumpit menyang omah kang biasane kanggo nggawe rabuk kompos. Bahan kanggo nggawe rabuk yaiku tlethong sapi utawa nganggo godhong-godhongan. Pesanggem Klumpit nerangake cara-carane nggawe pupuk kompos lan gunane. Kang baku gunane bisa nguranggi ongkos nggawe tanduran lan nyuburake lemah, supaya lemah ora gampang mati lan lemah luwih subur. Pesanggem Randublatung banjur kepingin nggawe rabuk kompos ning desane dhewe-dhewe.

Liya dina wayah bengi dianakake pertemuan pengurus kelompok Tani Maju. Kelompok Tani Maju duweni kelompok-kelompok kerja (kelompok cilik) kang duweni tugas dewe-dewe. Kang perlu dicatet pesanggem saka Randublatung yaiku nggawe rencana kang cukup jelas ing RTL (Rencana Tindak Lanjut). RTL yaiku rencana kang dasari mlakune kolompok lan dadi pedoman kegiatan kelompok. Rencana tindak lanjut (RTL) digawe 2 minggu sepisan. RTL kudu dievaluasi (dinilai) rong minggu sepisan lan nggawe rencana (RTL) kanggo rong minggu ngarep.

Minggu, tanggal 29 Oktober 2000 dina pungkasan acara "Belajar Antar Pesanggem". Ing perpisahan pesanggem Randublatung matur nuwun banget amarga wis bisa sinau bareng karo pesanggem Desa Sambeng. Pesanggem Randublatung uga arep ngundang pesanggem Desa Sambeng ganti teka ning Randublatung. (Mas Irak, Mas Yono & Mas Aji)


PENGELOLAAN

HUTAN

BERSAMA

MASYARAKAT

(Ngupakara Alas Bebarengan Masyarakat)

Kahanan alas ing tlatah Jawa saiki padha rusak, akeh alas sing uwis maleh dadi ara-ara lan grumbul, anjalarake anane banjir utawa longsor ing mangsa udan kaya saiki. Anggatekake kahanan kaya ngono mau, para pakar kahutanan, LSM, lan masyarakat dhewe, nduweni panemu lan nganjurake supaya dianakake perubahan anggone ngupakara alas. Alas sing maune dadi wewenange Perum Perhutani kudu diupakara bebarengan karo masyarakat. Perum Perhutani kang dadi sasaran kritik naggapi kanthi apik lan banjur gawe program kang kasebut Pengelolaan Hutan Bersama Masyarakat (PHBM).

 PHBM iku minangka cara ngupakara alas sing dilaksanakake bebarengan antarane masyarakat lan Perum Perhutani, kanthi dasar rembugan kang ngajukake prinsip musyawarah mufakat. Ing PHBM hak lan kewajiban mayarakat uga Perum Perhutani dipetungake lan hasile didum kanthi adil supaya ing tembe mburine bisa ningkatake kesejahteraane masyarakat, lan alas tetep lestari. Kanthi PHBM Perum Perhutani kudhu sadar yen dheweke mesthi bisa dadi pelayane masyarakat . Iki mathuk karo Keputusane Direksi Perum Perhutani nomer 1837 tahun 1996 bab Pembinaan Masyarakat Desa Hutan (PMDH) lan Keputusane Direksi Perum Perhutani nomer 849 tahun 1999 bab Pedoman Pengkajian Desa Secara Partisipatif.

Alas gundul kudu bali dadi alas kang ditanemi lan rembugan bareng masyarakat. (Foto: Mas Edi)

Ing sakjerone PHBM, kabeh rancangan ngupakara alas digawe lan dirembug bareng-bareng antarane masyarakat lan Perum Perhutani. Rancangan kuwi mau digawe ngganggo cara PRA, yaiku cara kanggo ngerteni kahanan lan permasalahan sing ana ing masyarakat lan alas. Nganggo PRA, masyarakat dibantu nemokake dalan kanggo ngatasi masalah, kanthi migunakake kabisanan lan potensi sing uwis diduweni. Kabeh kuwi dikerjakake bareng-bareng karo masyarakat nganggo cara-cara sing sederhana tur gampang dimangerteni masyarakat.

Rancangan sing disusun kudu mujudake keadilan kang dinyatake kanthi cara dhum-dhuman tugas, modal, cara, tenaga, lan hasil. PHBM bisa uga diwujudake kanthi kerjasama ing lahan garapan, wektu garapan, lan gawean. Pegawean ing sakjerone alas sing ditandhangi bareng-bareng ora mung penanaman, nanging ugo perawatan, penjarangan, penebangan, dol tinukune hasil alas, keamanan, lan sakpanunggale.

Ing bab taneman, masyarakat kudu diajak rembugan kanggo nentokake jenis, jarak taneman, lan wektu. Yen pancen dikarepake masyarakat, ing sajerone PHBM bisa uga dianakake paron hasil panen kayu.

Bedane alas dicemplong lan tumpangsari kang digarap pesanggem. (Foto: mBak Siti, Mas Dede)

Supaya PHBM bisa kelaksanan kanthi bener lan ora mung dadi janji kang ngaya wara kudu ana kontrak kang jelas. Kontrak mau kudu digawe bebarengan antarane masyarakat lan Perum Perhutani. Apa wae sing dadi hak lan kewajiban masyarakat lan Perum Perhutani kudu jelas lan gampang dipahami. Cara-cara biyen sing ora nganggo rembugan antarane masyarakat lan Perum Perhutani kudu ditinggalake. (Mas Edi)


PHBM ORA KENA

SETENGAH-SETENGAH

Mujudake lestarining alas kudu ditindakake kanthi saiyeg saekoproyo antarane pemerintah lan warga masyarakat, utamane masyarakat sakiwo tengene alas kuwi. Kekarone kudu bisa kompak lan nduweni panemu kang padha tumrape tujuan lan tata cara piye bisane alas kuwi lestari manfaate kanggo masyarakat.

 

PHBM utawa Pengelolaan Hutan Bersama Masyarakat bisa dianggep cara kang becik kanggo mujudake lestarining alas. Nanging PHBM kang ana saiki durung bisa menehi jaminan, sebab masyarakat isih dadi obyek, artine masyarakat ora nduweni hak kang bisa nemtokake panemune. Adil lan demokratis kang dadi prinsip dasare PHBM durung diwujudake kanthi tenanan, amarga masyarakat isih dianggep buruh kang kudu nyambut gawe abot ngupakara tanduran kayu, nanging ora bisa entuk asil kang murwat. Asil tanduran pertanian durung cukup yen dibandingke karo tenaga kang digunakake kanggo ngupakara alas nganti dadi apik. Iki mertandhani yen PHBM isih setengah-setengah.

Ngukur lahan andil kanggo perencanaan nanem kang kudu nglibatake masyarakat. (Foto: mBak Sulis)

PHBM kang sejati kudu menehi kalodhangan marang masyarakat sagedhe-gedhene kanggo melu ngrancang, nindakake lan mbiji ala becike gawean kang ditindakake. Seprana–seprene masyarakat (pesanggem) bisane mung nemtokake pola tanam kang dipilihake Perum Perhutani. Bab liyane masyarakat mung manut wae apa kang dikersakake petugas. Pancen rikala kuwi masyarakat manut wae sebab mbutuhake banget nggarap lemah kanggo nyukupi penguripan sedina-dinane. Nanging saiki masyarakat wis ora bodho maneh, masyarakat wis mangerteni hak-hake kang kudu ditampa. Apa kang wis ditindakake dening masyarakat pesanggem yen dietung temenan sejatine mujudake modhal kang ora sethithik. Umpama kuwi kabeh dietung maneh lan digunggung karo modhale Perum Perhutani, kudune masyarakat uga duwe hak entuk panduman asile kayu kang dipanen.

Saiki kari nunggu legawane Perum Perhutani supaya gelem ambagi hasile kayu kanthi adil miturut modhal kang wis diwenehake. Masyarakat aja nganti digawe kuciwa maneh, sebab tanpo kerja bebarengan karo masyarakat ora bakal bisa mujudake alas kang lestari. Wis akeh konsep kang dirembug neng sadengah papan kanggo mujudake PHBM kang sejati, nanging kabeh mau durung bisa kaleksanan, amarga ana rasa owel saka Perum Perhutani yen kudu kelangan apa kang seprana-seprene ditampa. Kamangka asil kang ditampa seprana seprene iku ana kang dadi hak-e para pesanggem sing ora diwenehake. (Mas April)


 Himpunan

Petani Hutan

Lestari

Randublatung

Carito iki diwiwiti saka sekolah pesanggem lan mandor ing kampus Getas tanggal 8-11 Oktober 2000, sing dianakake dening Lembaga ARuPA lan Yayasan Ford. Peserta sekolah yaiku para pesanggem saka 5 desa ing Randublatung yaiku Desa Mendenrejo, Desa Temulus, Desa Pilang, Desa Gembyungan, lan Desa Bodeh. Sakliyane pesanggem, bapak mandor Perum Perhutani KPH Randublatung uga melu sekolah iki.

Ing sekolah kuwi mau, pesanggem lan mandor nyadari akeh permasalahan alas sing kudu dirembug bebarengan. Permasalahan sing dirembug rata-rata ing saben desa padha, yaiku permasalahan bosokan, upah, lan pola tanam. Adedasar permasalahan sing padha ing saben desa, para wakil desa peserta sekolah nganakake musyawarah sing didampingi ARuPA. Hasile rembugan sarujuk bentuk wadah bebarengan para petani hutan bagian hutan Randublatung. Wadhah iki dijenengi Petani Hutan Lestari disingkat PHL Randublatung. PHL Randublatung sing kabentuk dina Rebo Kliwon tanggal 11 Oktober 2000 duweni tujuan mbiantu ngatasi permasalahane pesanggem lan mujudke angen-angene pesanggem.Para wakil desa sing tergabung ing PHL iki sepakat nganakake pertemuan rutin kanggo rembugan lan musyawarah. Pertemuan rutin iki duweni tujuan nampung permasalahan sing diadhepi saben desa, lan digoleki dalan pemecahane. Rembugan lan musyawarah iki uga nduweni tujuan supaya rencana sing kabentuk saben kelompok desa bisa kawujud. Dadi ing pertemuan iki bisa rembugan bebarengan mecahake masalah sing diadhepi para pesanggem.Kanggo mecahake permasalahan sing ana ing saben desa, digawe rencana kegiatan desa. Rencana kegiatan ing saben desa bedha-bedha, gumantung kahanan desa lan alase dhewe-dhewe. Rembugan lan musyawarah uga dianakake ing saben desa, supaya rencana sing wis kabentuk bisa mujudake gegayuhane.

Kegiatan pelatihan anggota HPHL kanggo ningkatake ketrampilan organisasi. (Foto: Mas Suryo)

Ing lumakune PHL, jeneng PHL diganti dadi Himpunan Petani Hutan Lestari Randublatung sing disingkat HPHL. HPHL ngutamaake prinsip-prinsip keadilan lan partisipatif sing sesuai karo teladan "Ing Ngarso Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani". Keanggotaan HPHL nduweni sifat terbuka kanggo masyarakat ing sekitar alas Randublatung. Tujuan HPHL mupuk gotong-royong lan solidaritas pesanggem Randublatung kanggo mbangun alas. HPHL uga nduweni tujuan supaya para pesanggem sejahtera lan mbantu pemerintah kanggo mbrantas kemiskinan. (Mas Irak & Mas Aji)


CARANE NGGAWE

RABUK KOMPOS

Bahane :

  1. 400 Kg Tlethong (kotoran sapi) utawa godhong-godhongan (luwih apike dicacah)40 Kg awu utawa tai grajen utawa kulit gabah1 liter bakteri (bab bakteri bisa takon HPHL utawa ARuPA)Banyu sak-cukupe
  2. Sak utawa plastik

Carane :

  1. Wadah kanggo nggawe rabuk kompos ora kena cahyaning srengenge langsungTlethong ternak disiram banyu sak cukupe nganti teles, terus di aduk nganggo paculDigawe gulutan dhuwure 20-25 cm (kira-kira 1 kilan)Bakteri sing wis dicampur banyu disiramakeAwu disebarke sak-nduwure tlethongBakteri sing wis dicampur banyu disiramake manehDi tutup nganti rapet nganggo plastik utawa sakSaben 3 dina dibukak lan diaduk maneh
  2. Cirine Kompos dadi, yen tlethong wis adem lan mawur (15 dina utawa luwih)

Urutane nggawe rabuk kompos

Ciri utawa tandane

Dina kaping 3 :

    • Anget/panas
    • Keringeten
    • Isih mambu tlethong
    • Rupane isih kaya tlethong
  • Rada garing
  • Tlethong sing mrongkol rada remuk/ajur
  • Suket lan sisa pakan liyane mulai gapuk
  • Dina kaping 6 :

      • Panas wis rada kurang dibandingna dina sak durunge
      • Keringete ya wis rada kurang
      • Ambune tlethong wis rada kurang
  • Wis rada mawur/ajur
  • Suket wis remuk
  • Tukul jamure
  • Rupane rada ireng
  • Dina kaping 9 :

      • Panase luwih kurang dibandingna dina kaping 6
      • Keringete luwih kurang dibandingna dina kaping 6
      • Rupane dadi ireng
  • Garing
  • Wis mawur
  • Ora ana prongkolan
  • Wis ora mambu tlethong
  • Ora ana jamur
  • Suket wis pada remuk
  • Dina kaping 12 :

      • Panase saya mudhun dibandingna dina kaping 9
      • Wis ora ana keringete
      • Rupane ireng
  • Wis mawur
  • Suket wis gapuk/remuk
  • Ora mambu tlethong
  • Ora ana jamur
  • Garing
  • Dina kaping 15 :

      • Anyep utawa adem
      • Keringeten sethithik
      • Mawur
  • Ora mambu tlethong
  • Rupane ireng
  • Gembur,ambune luwih wangi
  • (Mas Irak, Mas Yono & Mas Aji)

     

    Komik: Warga Wana